June 10, 2023

Pungkasane Tresna

literaturcorner.com – Sumilire angin esuk iki wis kasil anggone ngerayu pangelengku marang bocah bagus kang dadi pepujaning atiku. Praupane kang wis adoh saka paningalku. Gandane kang wis kabur kagawa angin. Jiwane sapa kang ora mbrontak? Nalika bocah jaka kang dadi gegayuhan rina lan wengi saiki ngilang saka uripku. Kabeh pancen wis ginaris dening Gusti kang akarya jagad, nanging kadang kala jenenge manungsa iku ora kabeh bisa nduweni rasa ikhlas lan gampang nrima apa kang wis ginaris.

Esuk iki aku mudhun saka sepedha onthelku, banjur aku mlaku-mlaku ing pinggir sawah. Sumilire angin esuk nalika mangsa ketiga pancen krasa adem banget. Tanpa nganggo sandal, aku mlaku lan nyawang tetanduran kang padha obah kagawa angin. Ngetan- ngulon, ngalor-ngidul katon apik kaya dene wong kang lagi nari. Swarane manuk kang padha miber saduwure tanduran ngrameni kahanan sawah esuk iki.

“Duh Gusti….kados pundi kabaripun kangmas Sardi? Kula nandhang kangen Gusti..”(omongku dewean).

“Braaaaakkkkkkk…….!!!!”(swara kang ngageti lamunku).” Lha dalah swara apa ya iku mau? Kok ngageti aku wae. Apa ya ora ngerti yen aku iki lagi nandhang kangen karo kangmas ku Sardi, hmmmmmm…”(tambahku kang banjur tak teruske anggonku mlaku). Saka kadoan katon ana wong lanang kang lagi njagang sepedhae. Amarga aku ora pati jelas iku sapa, aku ora nyapa.

“Wis jam pitu luwih kok ora ana sing menyang sawah babar pisan ya..?”Kahanan mangkene iki ora biasa lho!. Alah paling wong-wong iki padha durung tangi hahahahaha…”

“Hlo Sri, kok dungaren kowe menyang sawah?”(takon e mbah Paijo marang aku). “Hloalah nggih mbah, kula niki nggih pengin semerap kahanan sawah toh mbah-mbah..”(jawabku kanthi mesem). “Apa ora wedhi ireng nduk?”(takon e mbah Paijo kang dadi guyuku).

”Mbah-mbah napa kula niki nggih kedha sami kale lare-lare?, kula niki boten nate mikir ngoten mbah, lha tiyang sepuh kula nggih saben dinane wonten saben kok!”(jelasku marang mbah Paijo).

“Iya bener nduk apa kang dadi pangucapmu, wong iku lak ya kudu ngrumangsani awake dhewe, ora kudu nuruti gebyare donya. Yen kowe ngrumangsani wong tuamu olehe ngragadi sekolahmu uga nyukupi kabutuhan liyane kabeh iku saka asile sawah?, mula wis samestine yen kowe ora perlu isin karo kahanan mangkono iku. Gusti Allah ya wis ngewenehi dalan rejeki sing macem-macem.”

“Inggih mbah..matur nuwun sampun maringi kula pangeleng.”(teges ku).

Sawetara jam wolu, para tani wis padha katon akeh kag menyang sawah. Pancen wis ora akeh sing menyang sawah, ya amarga iki wis ora wayah tandur. Ramene sawah biasane ya nalika magsa redheng. Akeh wog kang padha tandur ing sawah e dhewe-dhewe. Sing ditandur ya mestine macem-macem, kayata pari, jagung, lombok, kangkung, pohong, lan liya-liyane.

Nalika aku wis tekan omah, banjur aku njagang sepedhah. Omah isih katon sepi banget, amarga bapak lan ibu wis menyang sawah. Awakku krasa gatel banjur aku langsung ngresiki awakku. “Krucug…krucug…, lha wetengku luwih iki hahaha..”akhire aku mangan sega iwak lele lan ora lali ngombe teh anget. Rasane awakku enteng banget lan ora krasa pegel amarga mari menyang sawah mau esuk. Amarga wis ora lapo-lapo, banjur aku ongkrah-ongkrah meja sinauku kang katon reged. Bukune mestine ora mung siji loro, nanging ya akeh. Buku wiwit aku isih ana ing bangku SD tekan aku SMA. Ora lali aku karo mbuka bukune, aku geguyu dhewe amarga ngerti tulisanku ing buku SD ku katon ora rapih. Ya pancen isih cilik dadi ora kena den paido. Jaman SD kang akeh kenangan, nalika aku kelas lima aku tresna marang bocah bagus kang ana ing mburiku bangkune. Lencir dedeke lan kuning kulite. Rasa tresna iki ana wiwit aku dadi wakil ketua kelas lan bocah bagus mau kang dadi ketuane. Jenenge yaiku Sardi, bocah kang paling disenengi kanca-kancaku amarga dheweke disiplin banget karo wektu lan kabeh peraturan sekolah ya dipatuhi. ora kaya aku lan kancaku liyane kang ora pati merhatekna peraturan. Masia umume bocah lanang iku ora pati sregep sinau, nanging Sardi wiwit kelas siji nganti kelas lima iki kang dadi juara kelas terus. Dheweke oleh juara siji saben semester. Dheweke pancen yen wis mulih sekolah ora tau dolan kluyuran kaya liyane amarga dheweke sibuk sinau terus.

Sawijine dina aku mulih sekolah bareng Sardi amarga omahku karo omahe Sardi ora adoh, ateges Sardi iku isih tanggaku. Jaman iku aku durung nduwe sepedha, saben sekolah aku ya isih mlaku masia kanca-kancaku wis padha nduwe sepedha. Saben dina aku mlaku karo Sardi menyang sekolah. Amarga aku wadon, aku ya ngrumangsani yen ta rasaku iki mung bisa tak pendhem ing njero ati. Mula aku ora kepengin Sardi weruh yen aku tresna marang dheweke amarga aku bakal kisinan yen Sardi weruh. Iki kang nambahi rasa tresnaku marang Sardi. Nalika aku lan Sardi mulih sekolah, aku kaget amarga Sardi nyendhek langkahku kang ana ing mburine. “Sri, apa aku oleh ngomong marang sliramu?”Ngomong apa to Sardi?”Kira-kira yen aku nduweni rasa sing beda saka rasaku marang bocah wadon liyane, oleh apa ora Sri?”. Aku kaget nalika ngerti pangucape Sardi marang aku kang ndadekna aku salah tingkah. “Rasa apa to Sardi? Kok rasane beda karo liyane iki apa tegese?”yen aku oleh jujur Sri, sebenere aku iki tresna marang sliramu Sri”. Kahanan sakiwa tengenku padha meneng kabeh kaya-kaya padha keprungu pangucape Sardi marang aku. Sardi isih nyawang aku terus kang lagi ora wani nyawang dheweke. “yen aku oleh jujur, sebenere aku iki ya padha lho Sardi, aku iki ya nandhang kasmaran marang sliramu. Nanging aku ora wani ngomong amarga aku iki ngrumangsani yen aku iki ora ayu lan ora pinter.”Apa Sri!!, dadi sasuwene iki sliramu ya nduwe rasa tresna marang aku?”Yen mangkono, apa sliramu gelem dadi kanca raketku ateges pacarku?”Iya Sardi, aku gelem.”

Uripku rasane beda nalika aku karo Sardi pacaran. Aku sing asale males anggone sekolah, saiki dadi sregep amarga apa kang dadi kepinginanku bisa kagayuh. Ora suwe kanca-kancaku ya padha ngerti yen aku karo Sardi pacaran. Nalika wis pacaran, panyelukku marang dheweke yaiku kang mas Sardi lan Sardi nyeluk aku dhik Sri. Masia isih cilik, nanging aku karo Sardi emoh kalah karo pacarane bocah-bocah SMA, hahahahaa…

Amarga bukuku wis ketata rapi, banjur aku lungguh ing kursi karo ndelok TV. Nalika wis keprungu adzan dhuhur, Bapak lan Ibu wis tekan omah. Nanging praupane ora kaya biyasane. Nalika nyawang aku ya ora kaya biyasane. Wis sak minggu iki aku ana masalah karo bapak lan ibu. Nganti aku ora wani nyapa mane. Umurku saiki ya wis wayahe nikah, nanging nalika aku matur marang bapak lan ibu aku ora diwenehi restu yen aku kepingin nikah karo kang mas Sardi pacarku wiwit SD. Sak suwene aku pacaran nganti saiki, ora tau ana masalah kang ndadekake pedote hubungan. Ya pancen amarga aku karo kang mas Sardi wis padha gedhene, dadi yen tukaran ya ora pantes. Nanging sapa sing ngerti, yen hubungan kaya mangkono mau ora selawase apik. Bapak lan ibu nalika ngerti aku karo kang mas Sardi nduweni niyat pengin nikah, ora oleh restu saka bapak lan ibuku dhewe. Rasane ati iki kudu nangis saben dina. Nyawang kahanan omah kang padha meneng-menengan kaya mangkene. Amarga kang masa Sardi mergawe ing kutha, aku ya ora ketemu. Kanggo nandhang kangen ya mung bisa tak rasakna dhewe. Saupama aku nduweni Hp, aku ora bakal nandhang sedih dhewean. Aku bakal menehi weruh marang kang mas Sardi. Tapi piye mane pancen aku ya durung kerja lan arep njaluk tukokna Hp wong tua iku ya isin.

Sak minggu kapungkur, aku keprungu saka kancaku Putra, yen kang mas Sardi dina iki bakal bali. Rasane atiku seneng banget masia aku nandhang masalah, aku tetep seneng amarga dina iki aku bakal ketemu kang mas Sardi. Ndilalah bapak lan ibuku kok ya wis ngerti yen kang mas Sardi dina iki bakal bali. “Sri,….Sri…,” swarane bapak saka kadohan.” Dalem, wonten napa bapak?” aku uga kaget kok bapak wis gelem ngomong karo aku.” Mrinia anakku, bapak arep ngomong Sri!”Inggih Pak, badhe matur menapa?”Ngene Sri, bapak ngerti yen ta kowe karo Sardi wis pacaran suwe lan nduweni kekarepan rabi. Nanging olehe bapak lan ibu ora menehi restu iki ora amarga bapak lan ibu ora seneng karo Sardi, nanging amarga wis ginaris dene kowe karo Sardi iki ora kena rabi Sri!”Lha menapa kang dados permasalahanipun Pak?” kang dadi ginaris agama ora menehi restu Sri, amarga nalika cilikanmu biyen, kowe tau disusoni karo budhe Siti, ibuke Sardi!, dadi kowe karo Sardi iki asline dulur tunggal suson Sri.”Lho alah bapaaaaakkkk……! menapa saged mekaten sih Paaaak!, kula niki sampun nandhang tresna marang kang mas Sardi Pak!”

Dina iki pancen wis gawe gelane atiku. Aku saya ora percaya yen ta aku karo kang mas Sardi iki dulur tuggal suson. Rasane awakku saya lemes nalika ngerti perkara iki, atiku rasane nelangsa. Duh Gusti…menapa tresna kula marang kang mas Sardi pungkasane kados mekaten..!”Lan ana perkara nambahi tangise atiku, nalika aku weruh kang mas Sardi wis tekan omah. Niyat ku pengen ngomong marang dheweke ngenani kedadeyan iki, aku saya oleh tambahe tangis. Aku ana ing omahe kang mas Sardi. Durung nganti aku ngomong karo dheweke yen ta aku ora oleh rabi karo dheweke, ana bocah wadon liya kang metu saka njero omah menehi aku pasuguhan. Bocah wadon kang ayu lan putih iku ya bakal dadi bojo ne kang mas Sardi!. “Kang mas….kena apa sampeyan mblenjani janjine sampeyan dhewe kang mas, janji bakal tresna aku nganti tekan mati? Ana ngendi kang mas janjimu……!!!” Sik to dhik Sri, aku ngerti perasaane sampeyan!”Lha yen sampeyan ngerti, kena apa sampeyan kaya mangkene kang mas…?? aku ora nyangka sampeyan tega nglarani aku kang mas…!” Dhik Sri, sebenere aku wis suwe ngerti yen ta aku karo sampeyan iki dulur tunggal suson dhik Sri, mula olehku lunga adoh iku supaya sampeyan bisa lali karo aku dhik Sri. Aku emoh yen sampeyan ora gelem medot tresna. Mula aku nurut bapak lan ibuku supaya lunga menyang kutha lan rabi karo wadon liya Dhik Sri.” Apa kang mas? Dadi sasuwene iki sampeyan wis ngerti perkara iki..? banjur kena apa sampeyan ora gelem ngomong aku supaya aku ora terus-terusan nyimpen tresna marang sampeyan..!” Ya wis kang mas… yen sampeyan wis kaya mangkene, sampeyan wis owah, sampeyan wis karo wong wadon liya. Aku ora bisa lapo-lapo mane, laaaan…. wiwit dina iki aku bakal mungkasi tresna ku iki marang sampeyan!”

Aku pancen ora ngerti apa-apa, nalika aku ngerti yen aku karo kang mas Sardi kasunyatane isih dadi dulur, aku bisa nrima. Nanging kang dadi gelaku nganti seprene yaiku amarga kang mas Sardi sing samestine wis ngerti perkara mau ora gelem ngomong marang aku. Kang Sardi wis gawe aku nandhang kangen saben dina, kang tansah tak anti-anti tekane jebule arep rabi karo wadon liya. Wis cukup olehku nresnani dheweke, tresna iki mung cukup tak pendhem dhewe.(cuthel)
.
.
(Baca Juga Potret Jodohku Adalah Diriku Sendiri)

Oleh: Ega Trisnawati (Mahasiswi Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah; Universitas Negeri Surabaya)